B. Daerah Tembung andhahan sing mawa ater-ater lan panambang:​

Tembung andhahan sing mawa ater-ater lan panambang:​

Jawaban:

Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun

Wisésana inggih punika tembung tembung ingkang angsal panambang “an”.

01. Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.

02. Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.

03. Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.

04. Mangsa : panèn, padusan, suntikan.

05. Gampil : mutungan, kalahan, getasan.

06. Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.

07. Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.

08. Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.

09. Nanggap : wayangan, réyogan.

Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara. Beda karo ater-ater hanuswara, dene ater-ater tripurusa mratelake tembung “tanggap” (pasip). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku tak, ko, di.

Tuladha: dak + pangan = dakpangan

ko + pangan = kopangan

di + pangan = dipangan